Jumat, 19 Desember 2014

Pasrah Penganten Sarimbit (ngunduh mantu)



Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.


Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, kula kadhawuhan nglarapaken putra temanten sekalian, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………...ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………. boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun temanten sekalian, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu ……………………………... Ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Jangkep kaping kalih, rehning putra temanten sekalian pun Bagus ………………….. atmaja kakung saking Bapa/Ibu ……………………. ingkang pidalem ing ............................................. sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan Rara ………………………….. kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………. kala wau dinten ....................... surya kaping ....................... wanci tabuh …………….  WIB mapan ing dalem ......................., kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Pramila ri kalenggahan punika temanten sarimbit kula pasrahaken dumateng Bapa/Ibu…………………..sekalian. Borong hanggenipun ngendikani,mituturi soho dhidik lan gulowenthah mrih lestari widodo hanggenipun jejodohan, satemah saget hambangun balewismo kanthi pikantuk berkahing Gusti ingkang murbeng dumadhi, tansah runtut lan atut,mugi pinaringan putro ingkang dadhos tetangsul langgeng tutug,trah tumerah lantaran turun hanggenipun sami bebesanan.

Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten sekalian, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak – ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Ing wusana, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar