Jumat, 28 Februari 2014

Tuladha Panyandra Pahargyan Temanten



Sasana Pawiwahan
Tuladha Panyandra Sasana Pawiwahan
          Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah puniko pratandha bebukaning panyondro, satuhu katah papan ingkang edi, papan ingkang endah lan nengsemaken, hanangeng mboten kados edi lan endahing sasana pawiwahan. rawat rawat rinumpoko anenggih panthi pundhi kang kaeko adi doso purwo, eko sawiji doso linuwih purwo wiwitan, panthi wus ngarani sasana papan pramilo sinebating papan sewu datan jangkep sadoso, satus tang jangkep tigo.
          Senajan katah bale wismo ingkang aben cukit tepung taritis, jejel riyel riyel wismo ginupit adu pager nunggal plataran, nanging mboten kadi ing dalem yo wismane  kang hamengku gati, sanajan sanghyang suryo condro, katemben ngemengaken bodro irawan, kadulu saking mandrowo panti kang kacarios,  katawis sumorot kadyo wayah gagad rahino, pating glebyar pating kaluncar mowotejo hanelahi, awit saking doyo pangribawaning putro panganten.
        Gapuraning pawiwahan rinenggo edining rerenggan janur kuning, sinonggo ing pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari sawuli, sekar  sarto wohing kapas, ron opo-opo, suket alang alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasito sinandhi.
       Wimbuh amilangoni sasono pawiwahan kang pinajang dlancang rinonce, wilis, seto, rekto miwah kresno.
           Rerengganing pahargyan saweneh, wonten ingkang awujud dlancang rinonce, pinatut ingkang maneko warni ingkang pito jenar kacondro kadyo podang binorehan, ingkang warni rekto yayah wukir kawelagar, ingkang biru moyo-moyo  pindho situbondholayu, dene wilis kawistoro ijo royo-royo kadyo pantun ingkang nembe gumendung, ingkang seto sumorot suci wening pindho sunaring mutyoro, lembak – lembak katiup maruto, ebah – ebah kadyo tirtaning talogo adi.
           Satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabono dateng sri temanten ingkang arso ngambah alam bebrayan, mugi kagungono raos sumeleh, miwah nengenaken kasabaran, pindhane gulu bengawan weteng segoro, kang sarwo sarwi amomot sakaliring reh,
Panyandra Tamu
Sinigeg ingkang cinondro gantyo kang cinarito..
          Sinatriyo pundi to ingkang ka eko adi doso purwo eko marang sawiji, dasa sapuluh, purwo kawiwitan, satuhu katah titahing jalmo, nanging satus tan jangkep sedoso yen sedoso  amung sawiji, kang kasinungan budi utomo, budi utamaning kang sinatriyo mboten kadi luhuring budi pamengku gati.
            Satuhu priyantun ingkang lurur kawibawane, jembar pacopane, bebasan suket godhong dadi kadang , kalawan wrekso adoh dadi samyo mentelung, dadyo cerak samyo hamentiung.
 Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak samsoyo sumanak, milo datan nggumunaken bilih ing wanci meniko poro tamu sampun bek amblabar hangebeki pahargayan.
          Prasasat linobong ing penggalih ingkang dahat suko amarwoto suto tumanduk ingkang ndaweg mangun bujo, kadi kelem karoban ing memanis sinanding kastubo manik.
       Kapanduking raos ingkang dahat tumenem ing kalbu, saksono ambuko osiking driyo, deniro sumengko pangawak  brojo, lir keplasing warasto lungit, prentuling parasdyo miwah esthining prayojono, tan ono liyan amung doyo-doyo denirarso asung swagoto, manembromo atur pambagyaharjo, kunjuk sagunging para tamu minulyo.
        Amung kewolo, awit saking berag birawaning penggalih ingkang dahat amoro suko, sakolo legeg putek, buneg jroning wardoyo, sanadyan saklimah tan kuwowo medhar pangandikan, awit amung kandheg wonten ing tenggak.
         Mangkono pangudasmaraning driyo kang hamengkugati : …………  ingkang kawijil kanthi aris, sinawung lukitaning tembung manis, manuhara kebak ing sagowara :
“ Dhuh …sahyaning para tamu ingkang anggung sinunggo ing akrami, sepinten tho gung berawaning manah kulo ing kalenggahan puniko, awit sampun kapatedhan ing sih, kabelabak luhuring budi dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kasdu minangkani sarining serat sedhahan,  kepareng anjenengi anggen kulo netepi darmaning werdho, mangun bujo kromo, amiwoho suto, amahargyo siwi,  inggih awit saking lumebering sih kadarman miwah lumintuning darmastuti saking andiko sadoyo puniko, mugi pikantuk lelintu ingkang satraju saking Gusti ingkang Maha Mirah, sarto agenging panuwun kulo ingkang mboten saged cinitro ing ukoro, mboten sanes amung dahat katedho kalinggo murdho…..
“ Dhuh..darahing budoyo ingkang sampun kontab saindenging rat pramudito, lubering sih dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kepareng jumurung ing karso , suko pepuji mangastungkoro andyanono dhumateng anak kulo penganten kekalih, ingkang sampun widagdo anambut guno talining akrami, satemah jumbuh ingkang samyo ginayuh, sembodo ingkang samyo sinedyo, lestari ingkang samyo kaesthi, hinayuwan dening Gusti ingkang Maha Hayu, humiring puji miwah pangastuti hayu hayu rahayu ring ulah ahayu…

B. NGATURAKEN SABEN ADICARA
*) Pengantin putri lenggah ing sasana rinengga

Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu berbudi mahambeg darma.
Ing salebeting panti busana, pinanganten putrid sampun purna nggenya hangrasuk busana pengantin. Keparenging karsa nedya hangrumiyini lenggah ing sasana rinengga.
Pramila katr Juru pangdi busana, keparenga hamratitisaken adicara punika. Katur juru panata pita suwara kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing ktw. Puspawarna laras pelog pathet barang ( = utawi ketawang Sekarteja laras Slendro pathet manyura ), sumangga.

( Cathetan : Menawi kairing gangsa gesang, nyuwunipun gendhing dhateng para kadang pangrait, saged naming kanthi sasmita. Upaminipun makaten : Lumarabing sri atmaja panganten putrid ing sasana rinengga, kairing para warara lamun cinandra yayah kairing sekar kang mawa teja. ( utai kairing sekar kang manca warna = Ktw Puspawarna ).
. . . Gendhing mungel . . . Panganten miyos .
Menawi badhe kacandra, sesampunipun gendhing dhawah gong lajeng kacandra.


Medaling P. Putri
Tuladha atur pranatacara medaling pengantin putri ngadani upacara tedhak jumenengan :
          Binarung swaraning pradangga munyo hangrangin, hambabar  ketawang Sekar teja, ana gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistoro jengkaring sri atmaja penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges milil saking panthi busono nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kinurmatan, rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun ………..
         Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwo retno hangembo busananing garwo noto, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartiko hasesilih prenah.
       Hangagem puspito rinonce ing ukeliro sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirono manda kongso gandane hangebeki wisma pawiwahan.
         Endah edining busana, bamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamuntho cinondro ical sipating jalmo sawantah pan yayah bathari suwargo loka ingkang tumurun mangejawantah.
Tindakiro sri atmojo temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindho singo lopo, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driyo ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudho taruno minongko gegantilaning nala.
       Dhasar karenggo busono kang sarwo sarwi edipeni, anom dhasare ruruh ladak pasemone, sulistyo rupane indah warnane, opo tho busanane… ?
         Lamun kacondro endahing penganten putri pindho sulistyaning rojo putri kang ndaweg manjing ing ndatuloyo, dedeg piadege pidekso nenggih hangringin sungsang, kulit kadyo mas sinangling rikmo memak ngembang bakung ngandan andan anut ombaking  narmodo, jonggo ngolan olan pangarasan duren sajuring, wojo roto lir miji timun grono angrunggih, lati manggis karengat, palarapan nan nelo cendhane idhep tumenging tawang, imbo njalirit lir wulan tumanggal talingan nderesti hanyamur kuping, ati ati ngudup turi setyo kawistoro angidit ndamar kanginan nenggih blalak blalak bawang sebungkul, idhep tumenging tawang pamidhangan nraju mas lengen nggendewo pinentang, pucuking racikan amucuk ri pupus puspito payudoro nyengkir gading, pocong manjange lan bangkekan mengkik mengkik nawon kemit, pupune ngembang pudak sukune anyuthang walang jejempolane sikil tinoto pindho sirae ulo cabe, dhasare wong ayu.
       Wus handungkap prapto ugyan ingkang tinuju, putro temanten putri nulyo kalenggahaken wonten ing sasana rinenggo, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun rinantam.

*) Rawuhipun Pengantin Kakung

Sagung para lenggah ingkang winantu ing kaharjan. Adicara urut tiga, nenggih rawuhipun Pinanganten kakung. Awit saking punika, katur Manggalaning Pangombyong penganten kakung, jengkar saking panti palereman, manjing sasana wiwahan. Dhumateng Juru panata pita swara, kasuwun ambiwadha rawuhipun Penganten kakung kanthi larasing gendhing Ladrang Wilujeng laras Pelog pathet baran, sumangga.
. . . Gendhing mungal, lajeng kacadra. . .

Medaling P. Kakung
Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara medaling pengantin kakung saking wisma palereman :
          Binarung pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.
         Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nuhwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.
           Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung ingkang ngembo busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul asmoro.
             Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.
          Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,
         Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko, lenggah ing dhampar dento.
           Prapteng dwiwaraning pawiwahan, naliko semono temanten kakung dahan ngunguni werdoyo, dupi nguningani rerengganing pawiwaha. Kang dumadi saking pradopo monco warno

        Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.

*) Adicara Panggih

Sanggyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tansah sinuba ing akrami, sampun wahyaning mangsa kala tumapaking prastawa gati Panggihing Pinanganten sarimbit. Pramila :
 Dhumateng
- Ibu Juru Sumbaga, keparenga hamratitisaken adicara punika.
 Kadang Panata
- Pita Swara, kasuwun ambiwadha kanthi larasing gendhing Kodhok ngorek – minggah Ktw. Laras maya Pelog barang.

  Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara panggih pengantin:
          Wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu ingkang Moho Wikan, Welas, Tresno lan Asih, naliko semono ono titahing Gusti kang asipat jalu lan wanito, ingkang sumedyo netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti ilo-ilo ujaring poro kino ingkang dahat pinundhi pundhi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo, nulodho budoyo kang sarwo sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.
       Dhampyak – dhampyak poro kadang wandowo ingkang samyo hangayap tindakipun putro temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.
Gantyo kang winursito…
       Ingkang jengkar saking sasana rinenggo, anenggih puniko warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis pinanci.
Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejoko kenyo tumaruno kalih ingkang ngasto kembar mayang kawasto, kalpataru, dewondaru, joyodaru ingkang kinaryo sarono dauping temanten sarimbit. Tindakiro lengkeh – lengkeh kadyo sarjulo lopo riyak anggajah nggoling, lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,
` Gendhing laras moyo…
       Minggah ungeling ketawang laras moyo, tumapaking podo nut wiromo swaraning pradonggo kang munyo hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarso ing akoso.
Kadyo saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedyo anggenipun bebrayan ngantos dumugi kaki nini, tebih ing rubedo celak ing kanugrahan lan kabagyan
         Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedyo, sigro kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking paningal catur netro, catur wus ngarani papat netro mripat, podo sakolo wonten doyo pangribowo ingkang ambabar karso dadyo sarono pambukaning roso ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nolo
        Gantalan :
      Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putro tinemanten,,?
          Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minongko sarono ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpito,
       Suruh, kesusu selak kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.
        Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mring garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.
      Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasito panyuwun mrih wanodyo mulur ing cipto, dene ing jaja amrih mekaring roso, satemah penganten putri saget menggalih kanthi weninging roso, saniskaraning tumindak miwah wicoro mung  karenak tyasing sasomo.
Pasangan :
      Purno ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang rojo, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendrotomo.
        Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencono, minongko wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing podo,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purno deniro sumembah gya amijiki samparaning ingkang roko kang winastan ranupodo, ranu wus ngarani toya, podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang roko kanthi sedyo ngatonaken darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah anggeniro lumebet ing alam madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.
       Toya perwito kang minongko sarono pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno, nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.
Paripurno winijikan samparaniro jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresno asih, pralampitane, risang pinanganten minongko jejering priyo, kasdu ngangkat drajating wanodyo, amrih saget jajar kaliyan drajating priyo.
  
       Singep sindur :
             Paripurnaning gati kang titi laksono adicoro panggih, lajeng jumeneng jajar putro tinemanten kekalih sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito, sanadyan wanodyo datan nyingkur kodrating wanito minongko garwo, risang pinanganten asro lumampah tumuju ing sasana rinenggo , aloke kang samyo humyat….
       Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng romo ibu, kanthi pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi rahayu linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan lan kanistan,
         Kadyo rojo myang prameswari arso tedhak siniwoko lenggah ing dhampar dento, sapungkurnyo risang penganten inggih bapak-ibu………..suko reno ing wardoyo bapak – ibu…………dupi wus biso ngentasi wajibing wredho molokrama aken putro pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu roro………kaliyan sang abagus ………priyo kang mijil saking tlatah………satuhu putro kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagdo nambut guno talining akrami. Poro kadang samyo tutwuri mring tindakiro risang pinanganten, jumurung mring karsaniro risang pinanganten, anggeniro darbe karso mangun bale wismo, mangun kulowargo, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuno, saking dunyo dumugyo delahan.
        Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo , gunging panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan tumapaking adicoro panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,
      Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasano mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

*) UPACARA ADAT
Salajengipun badhe katindhakaken Upacara adat, wiwit saking bobot timbang, Kacar kucur ngantos dhahar walimah. Pramila katur Ibu Juru Pangadi busana keparenga mratitisaken.
(Menawi upacara dhahar walimah sampun purna, lajeng besan rawuh)

  Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Bobot timbang :
           Jangkeping adicoro panggihing risang putro tinemanten sarimbit kalajengaken adicoro bobot timbang.
       Penganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi astho kekelih, karangkulaken ing pamidhanganipun tementen sekaliyan,Sineksenan dening ingkang ibu miwah poro- poro ingkang humiyat, punopo malih poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, prasemonipun bilih romo ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng putro temanten sekaliyan, putro kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten wonten pundi ingkang sinebat putro mantu sadoyo kaanggep sami.
        Kacar kucur :
      Panjenenganipun poro tamu kang mahambeg luhuring dharmo kakung sumawono putri, pinaringan sih wilasaning Gusti kang Moho Agung, Temanten sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparengo gyo ngadani adicoro tonpo koyo kacar kucur.
        Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung gyo jumeneng ngasto tilam lampus, isi wos kapuroto jowo kethos polowijo sekar ponco warno miwah arto receh, kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto
       Guno tompo koyo kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tompo koyo mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guno tompo koyo pralambang  tanggel  jawabing priyo.
          Minongko tetungguling kulawargo darbe  tanggel jawab nyekapi sandang  baga ing kulawarga, tompa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, arto pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandang baga. syukur bage  pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih.
          Kawuryan risang pinanganten putri nampi tompa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodyo ingkang gemi nastiti, surti  tur ngati-ati.
         Asiling tompo koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso kawidagdaning tampo koyo nun inggih ingkang ibu…………paripurno nitipaken tompo koyo, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasa na rinenggo.
     Dhahar  Kembul :
Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, dhahar nedo kembul yo wus ngarani sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sih katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eko karti sembodo ingkang sinedyo, rengganeng boso ngaten sinebat manunggaling karso marganing mulyo
    Ngunjuk toya wening :
         Paripurno dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toyo wening, dadi pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
         Ngunjuk toyo wening ugi dados pratandha, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busono, lan ajining awak gumantung soko tumindak.

*) BESAN RAWUH
Kala mangsa menika, Besan sekalian kepareng badhe rawuh.
Pramila katur Radyan Sadewa sekalian garwa, kasuwun hangaturi besan sarimbit jengkar saking sasana palereman manjing sasana pawiwahan.


Katur ,......... keparenga jengkar saking palenggahan hamapag rawuhing besan Sarimbit ing korining wisma pawiwahan.
Rawuhipun Besan kinurmatan gendhing Ladrang Tirta Kencana, Kadang Panata pita swara sumangga.
-------Gendhing Munya, kacandra ----- ngantos Besan lenggah –

·         Tuladha atur pranatacara mlebet upacara metuk besan :
Sampun sawetawis anggenyo jumeneng ing wiwaraning sasana wiwoho panjenenganipun bapak – ibu…………, tumuli salajengipun bapak – ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun pinanggyo age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan,
Wus jengkar saking plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arso mapak ingkang beksan bapak-ibu………sampun antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putro temanten, naliko samono lumaksono bapak-ibu……..tansah suko ing galih, kacihno esem tansah sinunggih ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh mengering, lamun rinumpoko kadyo asung pambagyo mring poro tamu ingkang minulyo.
Sampun pinanggyo ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwoho, ingkang bebesanan samyo ajejawat asto, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.
Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking tlatah……..
Anggeniro lumaksono poro ibu wonten ing ngarso, poro bapak  wonten ing pungkur, meniko dados pratondho, kalamun poro priyo suko pangayoman marang poro wanito, poro priyo suko panjurung tumindaking poro wanodyo kang datan nalisir saking paugeraning kautamen.
Wus gambuh penggalihiro ingkang bebesanan, suko reno ing driyo dupi uningo ingkang lenggah jajar ing sasana mulyo, langkung – langkung poro tamu ingkang sampun lenggah pepak sinarojo, paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadahang amrih ingkang putro kang lenggah ing sasana mulyo, satuhu bakal mulyo uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng ingkang besan kadereaken lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurno ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana sakawit.

*) SUNGKEMAN
Sagung Hadilenggah ingkang tuhu kinurmatan, sasampunipun Rama Ibu pinanganten sarimbit kepareng lenggah, daya-daya pinanganten sekalian arsa hangaturaken Sungkem mring rama ibu. Pramila dhumateng Ibu Juru Pangadi Busana kasuwun amratitisaken Upacara sungkeman. Kadang Panata pita swara kasuwun hangiringi kanthi gendhing Ladrang Mugi Rahayu laras Slendro pathet manyura.

Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman pengantin :
          Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi sampun paripurno titi laksono adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun asikep gegaman. Arih tindakiro sri pinanganten sarimbit  lumarap marak sowan ing ngarsanipun romo saha ibu, kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….
“ Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,
              Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganthi ingkang garwo lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu, lampah jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem dhateng padanipun ingkang  romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten sarimbit,
            Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring esthining driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Moho Welas lan Asih.
              Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko, kadyo sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus dewoso arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo akaryo tumetesing waspo lamun kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putro, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.
Punopo tho menggah darunane…..?
         Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikolo linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,
           Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning tumuwuh.
               Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa candra dasa ari, sarto anglelinthing anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti tumekeng akhir  dewoso, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng romo ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.
           Eling – eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amilo namung sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan anandhang sungkowo cekap ing samudono.
           Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan . :
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo tomo / wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko, binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerto lan godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat , yoiku wujuding pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang datan liyo momongan minongko rengganing bale wismo lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten lajeng kanthi kebak toto lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edipeni.

Paripurno upacara krobongan …. Kalajeng upacara pahargyan ….

Assalamu alikum Wr. Wb.

All Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ... kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

  1. Adicoro Pambuka
  2. waosan pustoko suci al Qur’an
  3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah
  4. Istirahat / Kirab temante
  5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

*) Atur Pasrah
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

*) Kirab Kanarendran
Para tamu kakung saha putri ingkang dahat minulyeng budi. Sampun sawatawis Pinanganten sarimbit nggenya lenggah ing dhampar pinasri. Keparenging karsa nedya manjing sasana busana, saperlu gantos busana. Pramila daya-daya hangancik adicara urut pitu, nenggih Kirabing Penganten. Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana keparena hamratitisaken adicara punika (menawi wonten Subomanggala) dhumateng Ki Subomanggala keparenga siyaga ing diri sawega pita suwara., (menawi wonten Subomanggala) praptanipun Ki Subamanggala kairing gendhing Ayak-ayak Slendro manyuro, dene jengkaripun Pinanganten sarimbit keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Langen gito sri narendra. -----------------gendhing mungel --- temanten manjing panti busana ------------

Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara kirab 1 ( Kanarendran ) :
            Dhampyak runtut swaranyo angayut –ayut, lah puniko tho wau swaraning pradonggo, ambabar ketawang langen gito srinalendro, humiring tindakiro sekaring pahargyan pawiwahan nenggih risang pinanganten kekalih, ingkang arso kirab ongko sepisan, saperlu gantos busono kastriyan, ingkang satuhu ilo ilo ujaring poro kino ingkang dhahat pinundhi pundi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo.
              Sinten to ingkang sinaroyo anawung kridho minongko pangarsaning lampah ingkang sinebat subo manggolo yo manggolo subo,, ? Satuhu puniko panjenenganipun bapak………. Dhasar dedeg pidekso apengawak praboto, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo anggung ginunggung ginolo-nolo inguling marang pepoyaning kautamen, milo mboten nama mokal kalamun to anggeniro kapiji minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.
              Kautamaning sang subo manggolo soyo ngalelo, kacihno lebdo ing adi endahing kabudayan, katitik anggeniro mangarsani kirabing temanten tumapak pada tinata runtut atut nut wiramaning gendhing, sinawung ebahing asto mangulah langen mataya, kawuryan wadono madhep pandulu tumungkul ing bantolo, sakedhap sakedhap asto angapurancang, jumbuh kaliyan sesanti ing ngarso sung tulodho.
             Sawurining sang subo manggolo ana mudho tumaruno lumaksono jajar kalih, ingkang dhahat mabukuh pratondho prayetneng kewuh, sayekti puniko ingkang sunaroyo mangulah kridho minongko yudho manggolo kaprah sinebat talang pati, pratiwo manggolo, ugi winastan satriyo kembar, kaparagan dening kang abagus,,,,,,,dalasan bagus………….
          Kekalihipun samyo kembar, kembar ing busono, kembar ing warno, dinulu sasat jambe sinigar, sinaring pasuryan sumunu wenes angilar – ngilar, busono sarwi jenar, pro kenyo kumesar andulu bregase satriyo kembar.
       Ingkang tutwuri ono kenyo tanggung andon lampah, tuhu puniko minongko patahing pangantyan ingkang pinaragan putri alit sakembaran, kembar busana kembar warno kembar sariro, kembar dedeg piadeg bebasan jambe sinigar dinulu seje rupane ginigit podho rasane , anggenipun lumaksono sambi gegojegan, parandene datan saru lamun dinulu, kawuryan malah akaryo reseping paningal, candranipun ponang patahing panganten kadi putri andong tinawi nenggih wulan pergi wulan pergi wati, sanadyan paribasan durung tedhas nggeget suruh durung tedhas nggigit jambe, parandene sampun bangkit angarah prono akaryo sengseming wardoyo, ingkang mengkono keno kinaryo pracihno lamun mbenjang dewoso bakal bangkit angentasi karyo.
         Gebyar gebyar pating calorot busanane. Endah asri yayah kawuryan, lah puniko chandrane temanten sarimbit, kacondro kadyo daru leleno, opo tho busanane…?
          Penganten kakung ngagem makutho kanigoro awarno kresno, pinalipit ing rukmi ginepeng, pinathik ing kumolo retno sesumping sekar kanthil, datan kantun ngagem sangsangan kencono, ingkang kinaryo rebut asri kaliyan sangsangan puspo rinonce, munggwing jonggo lemebering pamidhangan kawuryan sasat taksoko mijil saking situbondolayu, wimbuh akaryo pantese panganten kakung, ageman warni kresno sinulam ing benang kencono, pating celorot cahyane sumunar katon tejane, paningset cindhe baludru wangkingang ladrang ukiran nunggak semi, selut cetho anglelelo sadriji gedhene, pinathik ing sesetyo noworetno, miwah rinenggo puspito adi rinonce satekem gedhene, anglelewer ebah ebah kinaryo lumampah ngegreng mrabu kadulu, nyamping sido asih sinerat rumit angrawit, pinarodo ing kencono tinaretes gumebyar anelahi, canelo werno kresno rinenggeng sesotyo, pating galebyar kinaryo lumaksono, tinon saking mandrowo pindho sirahing naga raja ingkang nuju tapak maruto.
       Sinigeng gantyo kang cinarito, kuwung kuwung akekuwung ambabar tejo mandha maya, tejaning risang suryeng ratri, pranyoto lamun tan kuciwo memanise, meloking wadono sumunar angilar – ilar angelam-lami pindho kencono binabar.
           Palarapaning penganten putri sinungging pepaes awarni kresno, ireng, meles, menges anjenges pantes, cecundhuk pinetho wulan tumanggal, den apit centhung kanan kering lir peksi jiwo jiwo, cundhuk mentul pinasang titi toto pinatut ebah ebah katiyubing maruto sumilir, kadi kembang dewo ndaru, lamun ginupit ing wardoyo, kadyo astane kenyo sulistyo angawe awe kekasihe, ukel kapetho bokor mengkurep, kapenet ing sesekaran pinilih, siniseg ing sarana kang sarwo manik, amung amimbuhi kasulistyane risang penganten putri.
          Kebayak landhung lengkung warnane, ugi tan kari sinulam ing benang rukmo, kaistho sekar tunjung seto, tuhu endah tuhu edi, milo penganten putri datan siwah sekaring kedathon,
Sangsangan mas sinangling carup wor sangsangan sekar melati, ginubah kamulewer maripit ing jojo lir nogo taksoko marepek angalon lampah, sido asih nyampinge  kembar kaliyan kang kakung, pralampito kembar tresnane, kembar bibit bebet bobote, raket supeket akekanthen asto, tan genggang sarekmo, sanepo renggang gulo kumepyur pulut.
             Cat kicating podo jumangkah gumebyar dening rerengganing canelo kang satwo sesetyo, asri dinulu kadi wredhu lumaku ing wanci ndalu.
            Ingkang lumaksono aning wuriniro salajur sisih jajar kalih, ono kenyo ingkang maksih remojo putri, sulistyo ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati atut panembahe ing Gusti, angrungkebi jejering wanito jati yo sejatining wanito, Nulad mring laksitaning poro putri pinunjul ing uni, bekti tresno mring sesami, sanyoto katah pro mudho tumaruno anandhang wigeno andulu poro kenyo listuhayu kumrangsanging  raos kadyo kaselak jajar sumandhing, lah puniko to warnaniro putri kang apindho dhomas.
          Menawi ing tlatah ngayugyokarto winastan pager hayu, menawi wonten surokarto winastan dhomas, Dho wilangan kalih mas puniko kawan atus, jangkep wolungatus putri kang apindho dhomas.
         Wekdal puniko putri ingkang pindho dhomas namung enem ingkang ndereaken jengkaring putro temanten, mengku pralampito dhateng putro temanten, biso o hanetepi harto karyo harto brata karyaning bebrayan agung, ingkang ateges  nemtoaken putro temanten ingkang  ginebeng nem perkawis , inggih puniko :
vWahyaning raos hasmoro nadha, inggih sengseming pangucap
vWahyaning raos hasmoro nala, inggih sengseming manah
vWahyaning raos hasmoro turo, inggih sengseming sih
vWahyaning raos hasmoro gama, inggih sengseming saresmi
vWahyaning raos hasmoro turidho, inggih sengseming kaprihatosan
Wahyaning raos hasmoro tontro, inggih sengseming turun.
          Wondene ingkang lumaris suwantatiro, poro kadang wargo wandowo, sami sami sarimbit kalyan kang garwo, esthining parasdyo, suko asung puji pangastuti mring penganten , mugi tuluso bebrayan bagyo harjo ring dunyo prapteng delahan.
              Inkang tut wuri handayani ing salampahiro, inggih puniko ingkang romo ibunipun penganten putri, jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab, satindak tumuleh nganan, sapecak umenger ngering, lamun tho kawijilo pangunandikaniro, estu atur pujo pambagyo katur sagunging poro tamu sutresno, jojo ebek bombong mongkog karoban luhuring budi dharmane para rawuh ingkang sredho sudi angestreni dhauping putro siwi.
               Kawuwoso lampahing risang pinanganten anjog ing wiwaraning sasana budoyo, nulyo sang subo manggolo suko sasmito mring ingkang binojokromo, kinen gyo angrucat  busono noropati gumantyo busono satryo aditama manjing jroning sasana busono.

Sanggya adilenggah ingkang tuhu winantu ing kawiryan.
Sinambi hangrantu pinanganten sarimbit purna nggenya gantos busana, ing mangke para kadang mudha juru ladi kepareng sowan hangaturaken pasugatan katur sagung para tamu minulya. Pramila hambok bilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan kaaturaken pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan ingkang katur kanthi mardikaning penggalih/
Kinarya haminyak sepining suwasana, ing mangke badhe katur larasing gendhing ---------------------(sumangga mardika kapilih ingkang prayogi) Dhumateng kadang panatapita, sumangga.


*) Kirab Kasatriyan

Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan. Ing mangke pinanganten sarimbit sampun purna nggenya gantos busana. Salajengipun kepareng badhe lenggah malih ing dhampar pinasri, kanthi rinumpaka ing adicara Kirab Kasatriyan. Pramila dhumateng Ibu Juru pangadi busana Ki Subomanggala, kasuwun hamratitisaken adicara menika.
Dhumateng kadang panata pita suwara , keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Subokastawa Laras Pelog Pt. 6. ----------------Gendhing mungal, Temanten miyos ngantos lenggah) --------------------

Tuladha atur pranatacara wonten ing upacara kirab 2 ( Kasatriyan )
Wus tinarbuko wiwaraning sasana busono, kumenyar asung prabowo, kenthar kenthar angambar kongas gandhaniro marbuk arum wewangi, sumirat mirat tejo maya maya, soyo dangu soyo melengoni, soyo cerak soyo angranuhi, sanyoto tejane sang pinanganten mijil saking wismo busono arso mahas ning wismo wiwoho.
 Gyat kang samyo humiyat…..
Wit pasemone sang  pinangantyen ngagem busono kasatriyan kang sarwo endah, katingal gagah pidekso myang gandes luwes sang rinojo putri, wenang den ucapno pepindhane wong agung ing ngeksi gandha duk ing uni.
Dhasar satriyo pekik ing warno ngagem busono kang sarwi ……pating calorot pating galebyar sunare pepindhane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardoyo rinenggo ing sesotya maneko warno.
Penganten kakung Wus lukar busono satryo sangsoyo angenguwung prabane, sangsoyo mencorong guwayane, sangsoyo manteb penggalihe, cinondro kadi bagus danang sutowijoyo atmojoniro ki gedhe pamenahan, akekanthen asto kaliyan roro dewi semangkin atmojoniro  sri sultan drowo ing kalinyamat,  lagyo angenggar enggar driyo ameng ameng aneng udyono mriksani panjrahing sari puspito, ingkang nedheng mangudar mewangi sang senopati kembar kadi sang suwondo geni atmajane ki demang sangkal putung kalawan sang agung sadayu yoganiro ki sadewo , kekalihipun tus mijil saking tlatah jatianom, pramilo lamun kadulu pasuryane sumunar pindho sang purnomo sidi.
Tindakipun penganten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandengan asto, mratandhani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedyo, badhe tansah sesarengan pindho mimi lan mintuno ngantos kaken kaken lan ninen ninen saking dunyo podo dumugyo delahan .
Kang apindho putri asta sata anglur selur dalidir kadyo putri boyongan saking wewengkon predikan ing toyo biru.
Sumusul ingkang munggwing wuntat, puniko romo ibunipun memayungi lampahing penganten sarimbit, sedoyo berowo sarto mempen ugi puji puji santi astuti basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Panjenenganipun bapak……sarimbit minongko pini sepuh penganten kekalih, katingal kekembeng waspo, nangins sanes waspo dhukiro, namung kabekto saking raos bombonging manah linandhesan puji syukur mring Gusti ingkang akaryo jagad, awit sampun karoban ing sih nugroho saenggo saget anjenengi pawiwahan ing kalenggahan puniko.
Sang subomanggolo minongko pangarsaning  kirab, sakedap kedap tumuleh atur tenggara dhumateng kang nedheng kirab, tan prabedo myang poro-poro kirab, poro pinisepuh poro tamu  kang kebak ing suko bagyo, katingal konjem lenggah semu mesem,
Kawistoro lamun kalegan ing sedyo, pramilo ing batos tansah paring puji dungo pudyastowo mrih penganten kekalih tansah teguh, rahayu basuki salami – lami.
 Sang pinanganten tuhu loro-loroning atunggal tunggal tungguling aloro, kang sawiji priyo kang sawiji putri, geleng gilig geleng rumasuk jumbuh  angurut ing cipto, rasa, karso, daya miwah karyane, munggeng jajar kalenggahane sowang sowang rumongso handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sariro hangroso wani.
 Pilah pinilih sajuru juru, giling geleng golong gegelengane, datan warsuh sang sinatriyo kembat menggah ingkang ginupito ing madyo tan lyan sang penganten kekalih, wondene kang winedhar ing wuri ingkang romo ibu, ingkang anggung mangastungkoro mrih paran parasdyane putri binerkahan.
Ingkang putro ginadhang gadhang tatag angadepi godha panggoda, amberat salwiring ridhu pangridhu, kawagang dadyo pangarso hangayomi, hangayemi, hangayani sanggyaning dasih kaswasih.
Pilih pinilih sajuru juru golong geleng gegelengane datan warsuh tataning titi laksito, napak tilas sang sujono, sarjono pinasthiko ingkang wus cinandhi ing amiyat,  jinempana  ing maruto, nenggih ki hajar dewantoro, ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani.
Tan rinaos tindaking sang subo manggolo ndungkap ing sasana rinenggo, pramilo sigro ngaturi penganten kekalih mapan lenggah ing dhampar rinengo.
Tanggap sasmitho sang pengantyan kekalih, sigro mapan lenggah satata marak ing ngarsanipun poro tamu, saperlu nyeyadhong berkah pangesthu.
sumringah bingar sinawung suko ing wardoyo sang subomanggolo sidho karyo, tulus lulus angentasi karyo, nut laksitaning paratama.
Purno samudayanipun sang subo manggolo asung sasmito mring sang pindho noropati miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulyo, salajengipun sang subo manggolo hangiring wangsul mring ingkang samyo angiring ambayangkara, ingaturang bedhol wangsul ing papane sowang sowang, cinondhro lir sata matarangan.

*)  ATUR PAMBAGYAHARJA
Sanggya para rawuh kakung saha putrid ingkang satuhu berbudi mahambeg darma.
Ndungkap adicara urut enem, nenggih atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa. Saestunipun R/ Harjuna nedya lumarab atur pribadi, parandene kabekta saking sanget bombing saha bingahing penggalih hanampi rawuh panjenengan sedaya, satemah tan saged kawijil sedya pamaturipun. Pramila atur pambagya harja badhe kasarira panjenenganipun R/ Wisnumurti. Katur R. Wisnumurti sumangga kula dherekaken jengkar saking palenggahan jumeneng ing sasana sabda, dhumateng R. Harjuna sekalian kasuwun jumeneng hangampingi.
---------------- Atur pambagya paripurna ----------------
Makaten wijiling atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa, ingkang sampun kawedhar lumantar R/ Wisnumurti.

*) SABDA TAMA/ WURSITAWARA
Sagung adilenggah ingkang tansah kinaroban robing samodra yuwana basuki.
Ing mangke Pinanganten sarimbit sampun lenggah malih ing dhampar pinasri. Ing semu kekalihipun tasih mangu-mangu jroning kalbu, karana rumaos kiranging sangu nggenya badhe hanggebyur ing samodraning agesang bebrayan. Pramila tansah hangantu paringipun wasita adi saking para sepuh.
Pramila daya-daya hangancik adicara ingkang urut 8 nenggih wedharing sabda tama, ingkang badhe dipun paringaken dening R/ Puntadewa. Katur Ingkang tuhu kinabekten, panjenenganipun R. Puntadewa, sumangga kula dherekaken.

-----------------Wursitawara kababar ngantos purna --------
Makaten wedharing wursitawara saking panjenenganipun R/ Puntadewa , mugi-mugi dening pinanganten sarimbit saged kancandhi pindha jimat paripih kinarya oboring lampah nggennya badhe lelumban ing madyaning agesang bebrayan.

*) HASTUNGKARA/ DO’A
Pra tamu kakung sumawana putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Hangancik adicara ingkang urut 9 , nenggih paringipun puja hastungkara saking sagung para tamu, ingkang mangke kasuwun dipun pangarsani dening Eyang Wiyasa.
Katur Panjenenganipun Eyang Wiyasa, sumangga kula dherekaken
-----------------------Hastungkara purna --------------------
Sagung para rawuh ingkang minulyeng budi.
Saderengipun kula dherekaken hangancik adicara salajengipun, keparenga lajuning adicara kula sigeg langkung rumiyin, saperlu atur kalodhangan dhumateng para kadang juru ladi hangaturakaen pasugatan katur sagung para tamu minulya.
Pramila hambokbilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan sedaya sampun kaaturaken pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan kanthi mardikaning penggalih. Kinarya hamyak sepining suwasana ing mangke badhe katur larasing gendhing ………….ing pangajab saged hanambahi raos eca nggenya hanikmati pasugatan.

*) PANUTUP
Sanggyaning para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Mboten dangu malih pahargyan punika badhe paripurna. Namung Saderengipun kula dherekaken hangancik adicara panutup, keparenga kula ingkang piniji handherekaken lampahing adicara, saestu nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan ingkang mboten adamel suka renaming penggalih sagung para tamu. Pramila kula namung saged hangaturaken tebah siti wohing dami kinukus binuntel roning kalapa, sedaya kekirangan saha kalepatan nyuwun gunging pangaksama.
Sagung Para tamu ingkang satuhu berbudi mahambeg darma. Pinangka pratandha paripurnaning pahargyan, pinanganten sarimbit jinajaran rama ibu keparenga jengkar saking palenggahan, tumuli jumeneng wonten korining sasana pahargyan, saperlu hanampi paring pangestunipun sagung para tamu.
Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana kasuwun hamratitisaken, dhumateng kadang panatapita suwara, kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing Ayak-ayak umbul donga S1. Myr.
Ing wasana sumangga kula dherekaken hamungkasi pahargyan ing siyang punika kanthi hamemuji manjalmaning sesanti- Jaya-jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih.
Pinangka panutuping atur, kula hangaturaken agunging panuwun, sugeng kondur mugi widada ing marga.
Wassalamu’alaikum wr. wb

7 komentar:

  1. matur nuwun nyuwun ijin badhe ngundhuh artikel punika.

    BalasHapus
    Balasan
    1. inggih sami-sami, mugi saged dados referensi, ...

      Hapus
  2. Balasan
    1. dumawah sami2, ... monggo sami hangleluri basa jawi ingkang adi luhung menika ...

      Hapus
  3. Ngaturaken gunging panuwun sampun kersa paring tulada sakestu sanget migunani

    BalasHapus
  4. PT. UTAMA SURETYSARANA SELARAS
    Jasa Penerbitan Jaminan Bank Guarantee & Insurance (TANPA AGUNAN NON COLLATERAL).
    Kepada Yth,Perusahaan Pemerintah BUMN & Swasta
    PT, LTD, TBK
    Up : Pimpinan / Finance Manager
    Perihal : Penawaran Jasa Penerbitan Jaminan Bank Garansi & SURETY BOND, Tanpa Agunan / Collateral.

    Dengan Hormat,
    Perkenalkan kami dari PT. UTAMA SURETYSARANA SELARAS (Consultan Bank Gransi & Insurance).
    Jenis Jaminan BANK GARANSI DAN SURETY BOND :
    ✓Jaminan Penawaran / Bid ( Tender) Bond.
    ✓ Jaminan Pelaksanaan / Performance Bond.
    ✓ Jaminan Uang Muka/Advance Payment.
    ✓ Jaminan Pemeliharaan / Maintenance Bond.
    ✓ Jaminan Pembayaran / Payment Bond.
    ✓ **SP2D jaminan Pembayaran Akhir Tahun.*

    Line Of Insurance :

    Custom Bond
    Asuransi Cargo
    Construction All Risk (CAR)
    Property All Risk (PAR)
    Comprensive General Liability (CGL)
    Erection All Risk (EAR)
    Workman Compensation Liability (WCL)
    Auto Mobile Liability (AL)
    Marine Hull (MH)

    Konfirmasi Lebih Lanjut :
    Div. Marketing : FERNANDO RAMADHAN
    Hp/Wa : 0812-8644-2258
    Telpon : (021)-2204-7449
    Office : Jl. Dewi Sartika RT.004 RW.06 Kelurahan Cawang Kecamatan Keramat Jati Jakarta Timur 13630

    BalasHapus
  5. SANGAT BAGUS....... bahasanya sangat halus, menunjukan tingginya nilai tata krama dan budi pekerti.... SAYA SANGAT SUKA....

    BalasHapus